Jumat, 06 Desember 2013

BAHASA JAWA



 CERITA WAYANG


WAHYU MAKUTHA RAMA
(ajaran kepemimpinan)
            Nang kerajaan Ngastina,para kurawa rembugan arep ngongkon wong siji kon meng gunung Kutharunggu ketemu karo begawan kesawasidi (resi/pandhita).akhire ngongkon Karno kon sinau wahyu makutha rama aring kesawasidi, isi ajarane yaiku pemimpin kudu bisa :
1.      Kisma (bumi)              =  menehi ketentraman ing rakyat.
2.      Candra (bulan)            =  menehi pencerahan ing rakyat.
3.      Kartika (bintang)         =  menehi pencerahan ing rakyat.
4.      Samirana(angin)          =  srawung karo sapa bae.
5.      Agni ( geni)                 =  nindak tegas marang sing salah.
6.      Srengenge(matahari)   =  madangi/pencerahan ing rakyat.
7.      Samodra                      =  kudu sabar.
8.      Tirta                             =  nentremake rakyat lan makarya wiwit panggonan gedhe tekan tkan panggonan kang lewih cilik.
Kesawasidi arep tapa nang gunung kutharunggu,anoman kon njaga ketentraman nang gunung kue.trus ana karno arep ketemu kesawasidi tapi di adang nang anoman, trus sidane gelut. Tapi Karno lunga amargo kalah tarung  lan panah kunthawijayadanu direbut nang anoman.tapi Anoman nglanggar prentaeh kesawasidi amargo ora njaga ketentraman ing gunung kue, trus anoman kon tapa aring gunung kendalisada lan sakdurunge tapa ,anoman ngewehna panah kuntawijayadanu aring kesawasidi. Sidane kesawasidi( wujud asline kresna/krisna) ngajarake wahyu makutha rama aring Arjuna. Sakwise di ajarake wahyu kui Arjuna kon mbalekake panah aring karno .Arjuna kon maraih karno wahyu kui tapi arjuna ora gelem ,akhire tarung. Tapi karno kalah.



BIMA BUNGKUS
Nang kerajaan ngastina anake pandu lan dewi kunti sing no.2 jenenge Bima. Bima dilairna ora normal amarga tesih dibungkus karo banyu ketuban.Para kurawa pengin mateni bima tapi moduse ngrewangi mbukak bungkus kue,tapi usahane gagal lan malah para kurawa mati dewek.
            Keadaan kue merekna kayangan goncang ,Batara guru mrentah anake jenenge Gajahsena sing wujude gajah kon mbukak sing mbungkusi bima ,lan mrentah dewi umayi kon maringi 4 warna go nglindungi bima lan maringi 7 sing ana hubungane antara menungsa lan pangeran .
            Gajahsena bisa mbukak sing mbungkusi bima,tapi bima salah paham amarga ndarani arep mbunuh bima.Akhire bima tarung lan mateni gajahsena,tapi roh gajahsena mlebu aring awake bima . Lan bima dijuluki bimasena.


SUMANTRI NGENGER
(sumantri mengabdi)
            Prabu Maespati ngiming2i pegawe kerajaan jenenge Bambang Sumantri kon munggah pangkat lan dikelilingi selir2. Tapi ana syarete yaiku kudu bisa muteri taman sriwedari ,maksude taman Sriwedari di pindahke tanpa cacat meng kerajaan. Trus Bambang sumantri malik ksatria gagah tapi ora sekti.Akhire sumantri mrentah adine sing sekti jenenge bambang sukrasana ( elek, ireng tp sikape apik). Tapi sukrasana njaluk jatah diwei selir, trus di ulihna nang sumantri asal umpetan gisit aring mburi wit angger njaluk selir.
            Akhire Sukrasana ngubengi ping 3 taman sriwedari lan ngesogna aring kerajaan. Trus sumantri diangket lan dikelilingi selir, tapi adine kur ndelengi tok aring mburi wit. Trus ana selir sing weruh lan keweden .terus sumantri etok2 ora ngerti sukrasana lan meden2i karo panah. Tapi , sidane  sumantri ora sengaja manah gulune adine lan skrasana(adine) mati.  


BABAD ALAS WANAMARTA (AMARTA)
Sakwise kalah judi ,pandawa 5( Arjuna ,bima, puntadewa,nakula lan sadewa) kebagian alas amarta sing akeh jine tujuane ben pandawa 5 mati.Trus pandawa 5 mangkat meng alas amarta,tapi arjuna ketinggalan lan ketemu resi Wilawuk lan sidane kon meng pertapanan Pringcendani, lan diwei minyak jayang katon ben bisa ngadepi setan sing ora kasat mata,minyak iku di usapke alis. Arjuna akhire mangkat ing alas amarta.
(Bima ,puntadewa,nakula lan sadewa) ditangkep jin yaiku (arya dananjaya, arya Dandu wacana ,detya sapujagad,detya sapu lebu, detya sapu angin ,yudhistira) ,amargo mbabadi alas. Trus Arjuna nylamatna wong 4 iku lan kon nganggo minyak iku. Akhire pandawa  menang :
-          Puntadewa VS Yudhistira : puntadewa menang lan yudhistira ngrasuk awake puntadewa amarga iku puntadewa dijuluki Yudhistira. Lan ulih kerajaan Amarta
-          Bima VS Arya Danduwacana  : Bima ulih kerajaan Jodhipati.
-          Nakula lan Sadewa VS Detya sapu jagad lan detya sapu lebu : ulih kerajaan Bawenatalun lan Sawojajar.
-          Arjuna VS Arya Dananjaya : ulih kerajaan Madukara
       VS Detya Sapu angin : detya sapu angin ngrasuk awake Arjuna lan arjuna duwe  ajian sapu angin sehingga mlayu banter.

1 komentar: